Rabu, 10 Mei 2017

bahasa jawa : sandiwara


TUGAS KLIPING BAHASA JAWA
              SANDIWARA

         
NAMA KELOMPOK   :
1.     EKA FERIANA  (04)
2.    SITI FITRIANI    (26)
---
                   SMP N 1 JEKULO KUDUS



Esok kang padang, srengenge mencorong saka wetan. Sakwise bel mlebu muni ing salah sawijining kelas ana bocah-bocah kang lagi ngenteni gurune mlebu ing kelase. Ana kang sinau, uga ana bocah kang dolanan HP sakkarepe dhewe. Salah sawijining koncone ngilokke aja dolanan HP dheweke malah nyrengeni koncone.
Difa               : “asik... gak ana guru,dolanan HP ae ah...”
Dika              : “eh,mengko nek ana guru lho Fa..., HP mu iso disita
                        Karo guru.”
Difa              : “geneo! Kenapa kuwe seng ngurusi? Aku ae gak kok.”
                       (jawabe karo rasa  lara ing ati)
Raisa            : “jarke ae Dik, dheweke pancen gak iso dikandhani.
                        Angger engko HP ne kecekel guru banjur disita, mesthi
                         dheweke nangis-nangis.”(jawabe)
Galih            : (mlaku marani lawang lan nginjen ing benggangan
                        Lawang)”ana guru, ana guru”(karo mlayu ing       
                        Panggonan lungguhe lan gawe konco-koncone anteng).
Ora suwe maneh lawang kelas kebukak lan iku mau jebule pancen guru tenan mlebu kelas.
Bu. Tyas       : (mlebu ing njero kelas)”assalamu’alaikum wr.wb”.
Bocah          : (bareng-bareng jawab salame bu Tyas)
                       “wa’alaikumsalam wr.wb”.
Bu. Tyas      :” dino iki ibu arep mbahas PR kang ibu wenehi dekwingi.
                        Ibu arep takon , sapa salah sawijining kowe sing durung
                      Ngerjakno PR angkat tangane ?”
Bocah          : (kabeh bocah podo ngangkat tangane, Difa malah ora
                        Ngangkat tangane dheweke malah gledah tase).
Bu. Tyas      :” Difa ! genea kowe ora ngangkat tangan kowe lan kowe
                          Malah sak karepmu dhewe nggledah tasmu. Apa kowe
                         Ora nggarap PR kang ibu wenehi.”(karo nyedhaki Difa).
Difa              :”mboten bu. Kawula sampun nggarap PR saking ibu.
                         Kulo mboten ngertos buku kawula wonten pundi. Dek 
                        Dalu sampun kulo lebetke tas.”
Bu. Tyas      :”gak mungkin nek keri neng omah, nek pancen kowe  
                       sinau bukumu ora bakal keri neng omah.”(jawabe bu
                       Tyas banjur di teruske)”cobo kowe, apa rumuse volume
                       limas segilima ?” (takone bu Tyas).
Difa              :”mboten ngertos bu, kawulo supe.”
Raisa            :”bu. Wau Difa dolanan HP sakderengipun ibu mlebet ing
                        Kelas”.
Difa              : “gak kok, sopo seng dolanan HP ?”
Galih            :”westah ngaku ae Fa, gak usah ngapusi. Nek kowe ngaku
                        Yen kowe mau dolanan HP. Sakniki HP nipun dilebetke
                        ing selorok bangkunipun Bu!”.
Raisa            :” yo Fa kowe ngaku ae karo bu Tyas nek kowe mau
                        dolanan HP. BU tyas gak bakal nesu utawa ngamuk
                        yen kowe ngaku”.
Bu Tyas       : “coba kowe Difa maju rene”.
Difa             :”banjur maju mengarep lan gak nyangka klambi seragam
                        Seng mburi metu).
Galih           : (ngangkat tangane)”bu seragamipun Difa ingkang
                        Wingking medal”.
Bu. Tyas     :”kana dibenerno disek klambimu mengko mbalek rene
                       Maneh”.
Difa             : (metu saka kelas lungo ing WC).
Bu. Tyas     :”bocah-bocah aja nyampi bocah-bocah niru kelakuane
                        Difa iku”.
Bocah         :”inggih bu”.
Difa             : (mlebu ing kelas ngadek ing ngarepe bu Tyas).
Bu. Tyas     :”kowe iku sebenere pinter Fa amarga kowe ae sing rasa
                       -rasa sinau. Cobo ae kowe ora rasa-rasa sinau mesthi
                        kowe iso ngalahno Dika, Raisa, lan Galih”.
Difa            :”inggih bu”.
Bu. Tyas    :”yo wes lungguh kana saiki ibu maafno kowe, yen kowe
                      ngono maneh ibu gak bakal maafno kowe lan ibu bakal
                      ngundang wongtuamu mrene”.
Difa            : (mlaku ing panggonane).
Bu. Tyas    :”Raisa cobo kowe cek seloroke Difa”.
Raisa         : (ngeti seloroke Difa lan jupuk Hpne)”niki bu Hpnipun
                     Difa”.(ngewehno HP ne ing bu Tyas).
Bu. Tyas   : (njalok Hpne)”wes ibu lanjutke ae pelajarane dina iki.
                    Sapa kang reti apa rumuse teko volume limas segilima?”.
Dika cs     : (ngangkat tangane lan bareng-bareng njawab)”kula bu”.
Bu. Tyas  :”seng liyane endi?wes iki ae Dika, Raisa, lan Galih rasan
                     seng iso?”(ngeti kiwo tengen).
Difa          :”kula bu. Rumusipun volume limas segilima inggih niku
                    sepertelunipun luas alas dipeng duwure”.
Bu. Tyas   :”bener. Genea mau kowe kndo neng ibu ora reti. Yo wes
                   amarga bel wes muni pelajaran dino iki ibu tutup. Ibu
                   tutukke sesok maneh. Billahitaufikwalhidayah
                    wassalamu’alaikum wr.wb”.
bocah       : (bareng-bareng njawab salam)”wa’alaikumsalam wr.wb.
                    alhamdulillahhirobbilalamina’.
Bu. Tyas    :(metu saka kelas).
Raisa         :”teng kantin yok Dik, Lih”(ngampiri Dika lan Galih).
Difa           :”sa aku ora mbok jak neng kantin?”(rai kang sedih).
Dika          :”lapo kene ngejak kowe. Nek kowe pengen tuku neng
                        kantin tuku ae dhewe kana”(jawabe karo rada nesu).
Galih         :”weslah kenapa kene ngurusi Difa. Jarno ae de’e dewekan
                     ing kelas. Ayo neng kantin”.
Raisa cs    : (lungo ninggalno Difa dewekan neng kelas).
Difa           : (nyanyi karo rai sedih karo lungguh ing
                    panggonane)”dhewekan meneh, dhewekan meneh, saiki
                    aku ora dhuwe konco meneh, gak tau ana seng gelem
                     awor aku...kawet koncoku lungo ninggalno aku”.
Gak suwe meneh bar iku Raisa, Dika, lan Galih mlebu ing kelas karo nggawa jajane seng dituku ing kantin.
Galih         :”huumm...enake(mamerno pakanane karo Difa karo
                      mangan jajane).
Difa           :”kowe sengojo yo ,supoyo aku......?”.
Galih         :”supoyo apa.......?”(ngomong karo Difa rada kasar).
Difa           :”weslah aku gak pengin tukaran karo kowe”(nyerah karo
                    ngetokno rai kang sedih).
Raisa         :”weslah genea kene pada tukaran. Mending kene neng
                      perpus ae. Maca-maca sakdurunge bel mlebu muni”.
Raisa, Galih, lan Dika banjur ninggalno Difa ing kelas. Raisa lan konco-koncone mlaku ing perpustakaan. Tekan ing perpustakaan Raisa lan konco-koncone ora maca-maca malah pada njagong.
Dika          :”eh...apa kowe ora saake ngeti Difa koyo ngono. Saake tah
                     gak si, kawet dek esok dheweke entok masalah”.(karo
                     ngeti Raisa lan Galih).
Raisa         :”yo Dik. Aku pada ae yo saake re. Kowe piye Galih apa
                    kowe pada kene saake karo Difa? Kenapa gak kene jak
                     Difa dadi sahabate kene”.(ngeti Galih kang kawet mau
                     meneng wae).
Galih         :” yo weslah aku nganot karo kowe-kowe ae. Nek ngono
                      kene balik ae neng kelas. Kene mending nemoni Difa,
                       mesti dheweke seneng yen kene ngejak dheweke mlebu
                       ing persahabatane kene”.
Bareng omong-omongan neng perpustakaan Galih lan konco-koncone mbalek ing kelas. Tekan ing kelas dheweke ketemu karo Difa. Banjur dheweke cah papat dadi sahabat kang sejati seng ogak tau tukaran.
Raisa         :”Dif, maaf yo dek mau kene ninggalno kowe dhewekan”.
Difa           :”yo gak papa ko Sa”(jawabe).
Dika          :”Dif aku dhuwe kabar kanggo kowe. Mesthi kowe seneng”.
Difa          :”kabar apa tah Dik?”.
Dika         :”emm...wei ngerti tah gak yo!”.
Galih       :”ngene lo Fa. Mau kene lungo ing perpus kene pada
                   rembugan yen kowe gelem gak dadi sahabate kene”.
Difa         :”apa bener Sa, Dik, Galih?”(takok karo wajah kang seneng).
Raisa       :”iyo Dif, kene sepakat nek kowe dadi sahabate
                   kene”(jawabe).
Difa         :”hore aku dhuwe sahabat”.
Jarum jam terus mlaku, dina ganti dina. Nganti gak ana wektu kanggo gak bareng-bareng. Angger lungo lan muleh sekolah Raisa lan konco-koncone pada bareng-bareng. Nganti dheweke pada gedhe, dheweke yo tetep pada ketemu. Nganti angger dina dheweke pada dolanan bareng. Pancen bener persahabatan iku iso dimulai saka permusuhan.

                    
                    


Tidak ada komentar:

Posting Komentar